ads

Lazada Indonesia

Minggu, 28 November 2010

Sbenarnya...
Aku msih belum pahami benar tentang arti sebuah cinta. Apakah cinta itu sama dengan pengorbanan, apakah cinta adalah sebuah kebanggaan, apakah cinta adalah pelampiasan hasrat??? Ataukah smua tak ada yang benar??? Ataukah hanya aku yang ga bisa merasakan cinta yang sesungguhnya???
Cinta cinta dasar aneh . . .
FutuRE...
Membngun masa dpan adalah dmulai dari sekarang....memang skrang telah dimulai bgiku,bgimu,dan kalian smua untuk brfkiR tntang masa depan...
Kemana hidup kita diarahkan..,..mskpun smua blum ckup oleh kita sndiri.,namun usaha yg tak s'llu diam, tak pasif, dan tak statis sngt perlu kita kembangkan dan kita jalankan...agar hdupku dan hdupmu tak hanya jadi BENALU bagi orang di sekitarmu....

Jumat, 09 Juli 2010

SKENARIO DRAMA “SUMINTEN EDAN”
Adegan 1
Setting : Kerajaan
Properti : Kursi Bupati, pohon hias, tombak pengawal
Backsound : Rek Ayo Rek

(Penari tradisional “Rek Ayo Rek” memasuki panggung. Setelah tarian selesai, narator membaca narasi.)
Narator : Ing desa Trenggalek sisih kulon, katentreman masyarakat diganggu dening para begal ing cerak alas Ponorogo. Rakyat dadi padha susah, amarga para begal mau njarahi lan gawe pilara marang rakyat. Ki Patih kang amengku desa Trenggalek banjur ngadhep menyang Kanjeng Bupati, supaya ditulungi anggone ngusir para begal mau.
(tirai ditutup, para pemain menempatkan diri di panggung)
Ki Patih : (posisi berlutut dengan telapak tangan disatukan di depan wajah) Kawula ngaturaken sembah dhumateng Kanjeng Bupati.
Bupati : (sambil duduk di kursi kebesaran) Iya, Dhi Patih, ana apa tindakmu mrene?
Ki Patih : (posisi masih sama, lebih menunduk menunjukkan rasa takut) Sakderengipun, nyuwun pangapunten, Kanjeng Bupati. Kawula badhe matur, wonten kerusuhan ing Trenggalek.
Bupati : (langsung berdiri, kaget) Apa? (nada suara keras, kaget) Kerusuhan apa, Dhi Patih?
Ki Patih : (mengangkat wajah, menatap Bupati) Wonten sakwijining begal ingkang nami Suragentha, ngganggu katentremanipun rakyat, Kanjeng Bupati. Kawula badhe nyuwun bantuan dhumateng Kanjeng Bupati kagem merangi para begal.
Bupati : (kembali duduk, menghela nafas, berpikir) Hmm, iya, aku paham, Dhi Patih. (menyuruh satu pengawal mendekat) Aturana Raden Mas Subrata ngadhep aku saiki uga.
Pengawal : (membungkuk, berlari kecil ke belakang panggung)
Subrata : (memasuki panggung, lalu berlutut di depan Bupati) Putra ngaturaken sembah dhumateng Rama. Wonten punapa, Rama?
Bupati : (tersenyum) Ngene, Anakku. Ing Trenggalek, ana sakwijining begal sing ngganggu katentreman rakyat. Aku paring dhawuh marang sliramu, piye carane mbalekake katentreman rakyat.
Subrata : (berpikir) Nah, ngaten mawon, Rama. Kula badhe damel woro-woro. Mugi-mugi saged mbiyantu dhumateng Paman Patih.
Bupati : (berdiri, tersenyum bangga, berkacak pinggang) Dak serahake marang sliramu, Anakku Subrata. Tenangna pikirmu, Dhi Patih, anakku kang bakal nangani perkara iki. All is well !
(tirai ditutup)
Adegan 2
Setting :
Properti : Kertas woro-woro
Backsound :
(tirai dibuka)
(kesibukan rakyat berdagang, seorang pengawal memasuki panggung, berdiri di tengah panggung)
Pengawal : WORO-WORO
Sing sapa wonge bisa mbrantas begal ing wates alas Ponorogo, yen kakung bakal diangkat dadi Panglima, yen putri bakal disunting dadi garwane Raden Mas Subrata. (pengawal meninggalkan panggung)

Warok Siman kang krungu woro-woro iku, langsung nggoleki para begal ing wates alas Ponorogo. Sak tekane ing TKP, warok siman nemu warung kopi sing ternyata penjualnya adalah Suragentha. Namun, Warok Siman belum mengetahui kalo penjual itu adalah Suragentha
Suragentha : Ngersoke nopo cak? Monggo-monggo dipilih.
Warok siman : Iki sego opo cak?
Surogentho : Niku sego Teri. Ngersake unjukan nopo?
Warok Siman : Tah anget wae.
(Melayani Warok Siman)
Surogento : Kowe arep nang ndi?
Warok siman : Aku arep menyang alas ponorogo
Surogentho : Ono urusan opo menyang kono?
Warok Siman : Jarene si ono garong nang kono. Aku meh ngenteki garong iku. Nek ra salah jenenge ki Surogentho po yo?
Surogentho : Lha kon saka ngendi eg?
Warok siman : Aku seko trenggalek
Surogentho : Adoh-adoh saka trenggalek, kon ora ngerti rupone surogentho? (sambil berkicak pinggang)
Eh ladalah bakul sego kucing mau kui jebule Surogentho. Garong sing dogoleki warok siman. Sak liyane dadi garong, surogentho nyambi dodolan sego kucing.
Warok Siman : Oalah… Sejatine ki kowe to begal sing gawe rusuh! (tangan menuding-nuding)
Suragentha : Hahahaha! (berkacak pinggang) Meneng wae! Ora usah nyampuri urusanku! (nada marah).
Warok Siman : Ora bisa! Begal kaya kowe kudu ndang dibrantas! (marah, mengacungkan senjata)
Suragentha : Uuuu, takuuuut… (mengejek) Ayo! Aku ora wedi! Maju!
(Warok siman ngajoni surogentho) Ujug-ujug
Surogentho : Weh!sabar!Ojo asal maen jotos! Nembe kwe mangan opo wae? Bayar!
Warok Siman : Waladalah, lali aku. Sego bungkus siji, gedang goreng 2, ngombene teh anget siji. Piro?
Surogetho : Kabehane Rp 3500,00
Warok Siman : Nyoh (ngeke duit Rp 5000,00)
(Mergone ra ono susuke si surogentho ngajaki rembug warok siman anggone go nyusuki)
Surogentho : Yo wis njikuko gedang goreng 3 meneh noh! Tak bungkuske!
(Sak bare rampung ngurusi urusan mbayar sego, Warok Siman lan Surogentho nerusake tarung)
Warok Siman : Heh belis alas! Wani-wanine kwe ngrusak katentreman neng daerah kene!
Surogentho : Iki urusanku! Wani-wanine kowe ngrusuhi! Majuo rene cuk! Aku ra wedi!
Warok siman : Aku ra wedi! Ndang gage, ayo tarung!
(keduanya bertarung, tak berapa lama Suragentha merasa kewalahan)
Warok Siman : Kowe pilih mati apa lunga saka kene, cuk? (menantang)
Suragentha : (berlutut memohon ampun) Iya, Kang, aku wis kalah. Aku dak lunga saka kene. (Suragentha meninggalkan panggung dengan terpincang-pincang)
(tirai ditutup)
Kerajaan
Sak nalikane Warok Siman rampung ngalahake Suragentha, Warok Siman balik menyang Kraton. Kanggo nglaporake yen misine wes rampung
Warok siman : Ngaturaken Sembah dhumateng Kanjeng Bupati.
Bupati : Ono opo kisanak?
Warok Siman : Dadi ngene Pak Bupati, penjahat sing nang kidul Alas Ponorogo kae ki wes tak enteki. Lha sak umpama panjenengan butuh Bukti. Kulo gadah bukti.
Bupati : Endi buktine?
Warok Siman : Iki (Nuduhake Foto Surogentho nalika dikalahake)
Bupati : Apik rek! Lha mergo kowe wes brantas garong, aku bakal nepati janjiku. Kowe tak angkat dadi panglima( Bupati nabok bahune Warok Siman)
Warok Siman : Sak derengipun kulo nyuwun pangapunten, kulo boten kepingin dados panglima.
Bupati : Lha kenopo ra gelem?
Warok Siman : Mergo wonten alesan pribadi mawon kanjeng.
Bupati : Yo wes nek ngono, aku ngajeni alesanmu. Lha terus penginmu opo?
Warok Siman : Kulo nyuwun dirabikke( salah ngomong)
Bupati : Heh?Rabi? Mbek sopo? (Kaget)
Warok Siman : Ngapuntene kanjeng, kulo salah matur. Maksud kulo ngeten lho, kula gadhah anak wadon, naminipun Suminten. Menawi kepareng, Suminten kemawon ingkang dipun dadosaken garwa Raden Subrata.
Bupati : Oo, ngono.Dadi dipek bojo anakku, ngono. Ayu po ra?
Warok Siman : Jelas! Taksih perawan, segelan, komplit, akte kelahiran, BPKB, lan STNK. Barang Istimewa kanjeng.
Bupati : Weleh, kowe ki towo anak oq koyo towo motor wae. ya wis, aku setuju. Saiki balio, kabarono anakmu Suminten.
Warok Siman : Matur nuwun, Kanjeng.
Dicritake yen suminten digowo Bapake menyang kerajaan kanggo ditemoke karo Raden Mas Subroto. Begitu weruh suminten Mas Broto langsung dawah tresno dumugi Suminten. Podo ndene mbek suminten. Akhire wong 2 mau setuju yen dikawinke, mergo podo2 kesengseme. Subroto yo sering ngajaki Suminten jalan2, dinner, nonton bareng sanadyan namung layar tancep tok sing ditonton.



Adegan 3
Setting : Hutan
Properti :
Backsound :
2 minggu kemudian, Raden Mas Subrata mbedog kewan neng alas Ponorogo.Ing tengah alas rodo minggir sithik jebule ono gubug. Lha pas Mas Broto meh ngecek kui gubuge sopo, ono cah wedok cilik nggemos tur ayu iseh memeni pakaian.(Joged)
Isih asik2e jogedtan karo cewek ayu mau, ora sengojo mas Broto kesleo .
Cempluk : Innalillahi...(Panik marani mas Broto)
Subrata : Haduuuh.. Haduh..(mas broto nggersulo)
Cempluk : Haduh haduh,Den bagus kok dhawah iku piye?(Nyandak sikile mas broto)
Subroto : Iyo ki, kepleset (Ngelus2 sikile mergo keloronen)
Cempluk : Lho den, iki kok mlenthung?
Subroto : Walahiyo, abuh rek. Piye ki? Piye ki? Hadooooh hadoooh...
Cempluk : Sek mas tak jikuke minyak goreng.
Subroto : Lho kok Minyak Goreng?
Cempluk : Lha minyak kayu putihe entek mas, mung duwe minyak goreng.(Nyengir)
Onde mandeeee…. Ayu tenan, Rek!! Bodyne putih mulus dan sexy, koyo bintang sabun neng tipi2 ( Kata Subroto dalam hati)
Bar kui cempluk mijiti sikile mas broto sing sajake abuh mergo polahe dewe.
Cempluk : Den mas bagus badhe ten pundi kok ngantos dugi mriki?
Subroto : Aku jek mbedag kidang mau, eh jebul kidange mblayu adoh. Cah ayu, sopo jenengmu kok apikan banget koyo ngene?
Cempluk : Kula Cempluk, Den. (menjabat tangan)
Subrata : Wadoh kok nimbaline “Den” to. Aku Subroto, undang wae Mas Broth.
Cempluk : Nggih, mas Broto saking pundi njeh kok adoh men le mbedag kidang?
Subrata : Aku seko kraton Tranggalek, lah timbang neng omah ra ono gawean mending aku mbedag wae.
Cempluk : Ow ngoten, niki taksih sakit mas?
Subroto : Wes wes, rodo mendingan ki (Njajal ngadeg)
Cempluk : Ampun dipaksake mas, menawi boten kuat mlampah saged istirahat ten mriki ngantos samparane waras mailh.
Subroto : Rapopo rapopo, ra sah repot-repot, wong mung abuh sithik tok oq.
Cempluk : Tenane mas?
Subroto : Tenan ki lho. Maturnuwun banget wes nulungi aku. Aku ra iso nge’i opo-opo iki.
Cempluk : Alah mas broto ki lho, biasa mawon lah mas. Disekecoaken
Subroto : yo wes nek ngunu aku meh caw bali sek ya. (karo jikuk barang-barange). Dek, aku mung iso nge’i iki. Aku balik sek(karo nyalami cempluk, salam tempel)
Cempluk : Ngantos-atos ten dalan mas.
Ternyata eh ternyata, amplop saka salam tempel mau kui isine Kartu Namane mas Broto sing ning jero ne tertulis “Dek, sms aku ya.Tak tunggu”. Saka kono Mas Broto lan cempluk mulai smsn ora kenal isuk awan sore. Ditambah benih-benih katresnanan saka mas broto lan cempluk sansoyo megar mergo komunikasi sing terus2an.


(keduanya meninggalkan panggung)

Adegan 5
Setting : Desone Warok Siman
Properti :
Backsound :
Kabar Suminten sing bakal dadi garwane Raden Subrata sing ganteeeeng banget wis nyebar ana desane Warok Siman. Suminten uga seneng banget,. Dumadakan, ana pengawal teka ana ngomahe Warok Siman sambi nggawa bingkisan.
Pengawal : Kula nuwun.
Nyai Siman : Mangga. Pak, iki lho ana punggawa saka Kadhipaten. Pak! Suminten! Ndang mrene!
(Warok Siman tergopoh-gopoh memasuki panggung)
Pengawal : Punika saking Kanjeng Bupati, Warok. (menyerahkan bingkisan)
Warok Siman : (menerima lalu membuka bingkisan) Iki opo, Bu? Kok ana surate? (heran)
Nyai Siman : (mengambil surat itu dan membacanya dengan keras) Kagem Warok Siman. Kanjeng Bupati nyuwun pangapuramu amarga ora bisa menehi panjalukmu. Raden Mas Subrata bakal nikah karo wong liya. Kanjeng Bupati maringi emas lan perak minangka imbalan mbrantas Suragentha.
Warok Siman : (diam, kaget, tidak bisa berkata-kata)Opo!
Suminten : (memasuki panggung, ekspresi shock) Pripun, Pak? Aku ora sida nikah karo Kangmas Subrata? (diam) (pingsan)
(Warok Siman dan Nyai Siman berusaha menyadarkan Suminten)
(Suminten sadar, memanggil-manggil nama Subrata, Suminten mulai menunjukkan
kegilaan)
Suminten : (bangkit berdiri) Kangmas Subrata… (memanggil-manggil, berteriak, meratap, akhirnya berlari meninggalkan panggung)
(Warok Siman dan Nyai Siman berlari menyusul Suminten)

Adegan 6
Setting : Kerajaan
Properti :
Sound : Lir-Ilir
Mergo ra trimo awake dikhianati, warok siman moro menyang kadipaten. Suasana kadipaten sing rodo tentrem ujug2 dadi mencekam.
Warok Siman : Bupati! Bupati! Karepmu iku opo?!
Bupati : Santai wae rok. Lungguh sek.
Ngroso ngelak tur ono wedang neng pinggire warok siman, warok nyruntul ngombe wae.
Bupati : Pie pie? Wes nompo hadiah soko aku?
Warok Siman : Lha opo kui? Kon ora ngajeni aku po? Endi janjimu?
Bupati : Ow, dadi jek kurang po pie hadiahe? Aku njaluk ngapurone wae ki, mergo anaku wes due pilihan liyo jebule. Sanadyan dewe wes dijodoke, aku ra iso mekso, mergo kui anakku siji2ne. Makane aku ngek’i hadiah wingi kanggo permintaan maaf. Ben podo2 enake wae.
Warok Siman : Hasyah! Aku ra butuh kui! Anakku wes seneng banget mbi anakmu, po neh wes dijanjeni meh dirabike! Saiki malah dadine koyo ngene!
Bupati : Lha pie neh? Aku ra iso meksoke karepe anakku.
Warok Siman : Tanggung Jawab! Goro kelakuan lan janji manismu! Anakku, Suminten dadi edan!
Bupati : Yo ngapurone wae rok, aku ra iso ngopo2 neh sak liyane dongake anakmu ben cepet mari. Kon nek butuh pangan, obat, lan sandangan ngomong wae. Aku bakal nuruti.
Warok Siman : Hasyah! Ra butuh koyo ngono kui! (Lungo metu ko keraton)

Ngroso kuciwo, warok siman ninggalke keraton. Nanging sak nalikane meh metu saka keraton, ono suara sing ngundang2 jenenge.

Pengawal Mamat : Warok Siman.. Warok Siman..
Warok Siman : (Mlinguk)Ono opo?
Pengawal Mamat : Nuwun sewu warok, kulo namung badhe ngandani menawi cewek ingkang ngerebut Raden Mas Broto saking Suminten niku asmane Cempluk.
Warok Siman : Omahe endi kui?
Pengawal mamat : Menawi boten salah gen daerah alas ponorogo. Saumpami kirang jelas niki kulo gadhah fotonipun.(Ngatungke fotone)

Ora mikir dowo, bener po salah info sing dikei pengawal mau. Warok langsung meluncur goleki omahe cempluk

1 jam berlalu, akhire Warok Siman tekan omahe si cempluk. Alas ponorogo blok B no 7. Ndelalahe si cempluk isih dondomi klambine sing bolong.
Warok Siman : (Karo nyawang foto sing dikei pengawal kadipaten) Mathcing! Ra salah meneh!(Nyedaki Cempluk) Kon cempluk yo?!(Nyekeli tangane cempluk kenceng banged)
Cempluk : Ono opo iki? Ono opo iki? (berusaha melepaskan tangan dari warok siman) Aduh aduh...
Warok Siman : Kon wes gawe anakku edan! Kon wes ngrebut Subroto soko anakku!
Krungu ono suara bengok-bengok, Bapake Cempluk metu saka omah. Lhadalah jebule bapake si cempluk kui ora liyo kanca seperguruane Warok Siman, jenenge Warok Suromenggolo.
Warok Suro : Heh! Ribut2 ono opo?
Warok Siman : (Kaget melihat Warok Siman) Heh..Suro! Pie kabare??? (Menghampiri Suro)
Warok Suro : Owalah Siman, apik2 wae ki. Hadoh wes sue ora ketemu. Neng ndi wae?
Warok Siman : He’e iki, aku sibuk rek. Akeh gawean luar kota.
Warok Suro : Nembe ono opo kok ribut2 kui heh?
Warok Siman : Kui lho rewangmu, ono2 wae polahe. Wani2ne ngrebut calon bojone anakku ngasi gawe anakku edan. Hih, gemes aku!
Warok Suro : Rewang? Kae anakku cok!
Warok Siman : (Kaget) uwwtekeee! Jebul anakmu?! (Marah)
Warok Suro : Ngopo kon?Ameh kok apake anakku?!
Warok Siman : Jiancok anakmu! Aku ra gagas kui meh anakmu po dudu! Tetep meh tak enteki!!

Alhasil mereka berdua pun bertarung untuk membela anaknya masing-masing.
(Gelut)
Detik berganti menit, menit berganti jam.Sehubungan mereka adalah teman seperguruan, pertarungan tersebut belum menemukan siapa yang menang. Berlanjut hingga akhirnya mereka kelelahan.
Warok Suro : Man, nek ngene terus dewe gelut ra bakal rampung.
Warok Siman : Iyo Ro. Menggeh aku, nafas nafas tuo.
Warok Suro : Ayo moro nyang kadipaten, tekok kanjeng bupati ben jelas masalah iki rampunge pie.
Warok Siman : Aku wes ngmomong yo, tapi wong kae jek tetep ngeyel.
Warok suro : Sante wae boy, mengko tak ewangi ngomong. Gage ndang tangi, ayo mangkat saiki(bangun)
Warok siman : Ayo!(bangun)
Warok suro : Yo ki aku tak siap2, cempluk yo kudu melu ta.
Mereka pun berangkat menuju kadipaten untuk meminta titik terang dari permasalahan tersebut. Kemudian tak lupa Warok Siman mapir ke rumahnya untuk menjemput Suminten dan Istrinya.

Setelah sampai di kadipaten
Suminten : Maaaaas Broto!! Mas Broto!! Aku iki bojomu(Berteriak histeris dan mecoba menghampiri Subroto)
Namun Warok Siman menahan Suminten
Mengetahui bahwa Suminten gila akan Subroto, Cempluk langsung berlari menghampiri Subroto
Cempluk : Mas Broto.(Ketakutan subroto direbut)
Subroto : Tenang yank
Suminten : (Bengok2 memanggil nama Broto)
Bupati : Tenang tenang. Ojo gae kisruh neng kene. Bagaimana sodara?
Warok Suro : Ngeten kanjeng bupati, kulo nyuwun pertanggung jawabane panjenengan soal masalah niki. Kulo kaliyan Siman sampun setuju menawi masalah niki dirampungke apik2.
Warok Siman : Sak punika kanjeng bupati sampun maringi janji, nah kulo nyuwun pertanggung jawaban saking pihak panjenengan supados nepati nopo ingkang sampun dipundadosaken persetujuan sak derengipun.
Bupati : Iyo aku ngerti aku salah, saiki aku tekok karo kon Broto. Opo kon gelem nepati perjanjian awal?Kawin karo Suminten.
Cempluk : (Menyela) Nuwun sewu kanjeng bupati, Mas Broto geh sampun janji kalih kulo yen cinta sehidup semati. Kulo geh sampun cinta mati kaliyan mas Broto.
Bupati : Broto, pie pilihanmu? Romo pengen kon tegas.
Subroto : Romo, Broto memang biyen tresno karo suminten. Tapi kulo sakniki sampun nyaman kaliyan Cempluk. Tresno kulo kangge Suminten sampun ilang.
(Suminten berteriak semakin histeris mendengar itu, kemudian menangis)
Warok Siman : Broto! Ojo dumeh kon anake kanjeng bupati dadi sak penake dewe! Anaku yo menungso! Anaku yo duwe perasaan! Aku ra terimo nek koyo ngene! Keluargaku kok sepeleke! Kudune kon tanggung jawab!
Subroto : Iyo aku ngerti, tapi sing jenenge tresno ki po yo iso dipaksake? Aku tresno karo cempluk ki alami.
Warok Siman : Hasyah! Cangkeman wae kon!
(Warok Siman mengamuk, namun ditahan oleh Warok Suromenggolo)

Tiba-tiba seorang pengawal datang menghadap kanjeng Bupati.
Pengawal Mamat : Sembah kagem Kanjeng Bupati.
Bupati : (Menganggukan kepala) Ono opo pengawal?
Pengawal Mamat : Para rawuh sedaya, nuwun sewu menawi kulo nderek campur masalahipun panjenengan sedaya. Kulo nanging badhe sanjang masalahe Suminten, Cempluk , lan Mas Broto ampun didawa-dawaake. Den Mas Broto saumpami sampun gathuk kalih mbak Cempluk geh boten nopo-nopo.
Warok Siman : (memotong pembicaraan) Lha trus anakku pie?!
Pengawal Mamat : Geh sekedap, Dados mangkeh Suminten ben kulo ingkang ngurus.
Warok Siman : Maksudmu?
Pengawal Mamat : Suminten ben dados bojo kulo, kulo tresno kalihan suminten. saking pertama kulo ketemu Suminten, kulo sampun dhawah tresno. Kulo boten peduli Suminten waras nopo edan. Kulo nerimo keadaane Suminten opo onone.
Warok Siman : (Memeluk Pengawal) Maturnuwun..Maturnuwun sanget..Aku ngrestui kon ngawini anakku.
Pengawal Mamat : Njih Warok, sami2.

Akhirnya Raden Mas Subroto jadi menikah dengan Cempluk. Sedangkan Suminten tetap memiliki suami walaupun dalam keadaan gila. Yah, Suminten menikah dengan Pengawal Kerajaan yang bernama Soe Rakh Mad. Soe Rakh Mad begitu telaten dalam merawat Suminten hingga akhirnya Suminten sembuh dari kegilaannya. Mereka berdua hidup bahagia.